Nguri-Nguri Kebudayaan Jawi
Para mudha saiki ora nggateake kebudayaan jawi, para mudha malah dha seneng dening kebudayaan modern, kayat:lagu pop, rock, dangdut, lan sapanunggalanipun. Kabeh kebudayaan mau akrab karo mudha-mudhi jaman sakiki, kebudayaan jawi sing kudume akrab karo para mudha saiki malah kroso adoh amarga ara tau di uri-uri.
Tuladhane kebudayaan jawi kayata: kethoprak, geguritan, macapat, campur sari, gamelan, lan sapanunggalanipun. Kalebudayaan kang edi peni, kethoprak inggih punika kebudayaan jawi ingkang nyeriosaken kauripan jaman kerajaan sandiwara wenten ing jaman sapunika ingkang kasebut drama. Geguritan inggih punika puisi jawi. Tembang macapat inggih punika tembang kang macane papat-papat cacahe wenten 11.
Akeh wong manca negara kang sinau budaya jawa ingkang edi peni. Deweke ngangsukawruh marang pakar-pakar kabudayaan jawi. Malah anggone sinau katen temenan banget,deweke ngangsu kawruh kanti tenanan.
Kebudayaan jawi kudu dilertareake, sapa meneh sing arep nglestareake yen ora awake dewe iki, yen dinengke wae, ojo kaget menawa kebudayaan jawi punika badhe ical,amargi kalah kaleh kebudayaan modern. Mulo iku kita tiyang jawi kedah sregep nyinauni lan nglestareake kabudayaan lan kejawean kita
Nama kelompok: Nabila Alifa
Nasya Nur Afifah
Melisa Febriani
Nurul Afifah
Komentar
Posting Komentar